🔗 ⚙️

Jaghat Pitu from Lalana Siksapara by Modod

Tracklist
12.Jaghat Pitu5:50
Lyrics

Jawa diperang, dijikuk wolu, ijik rolas
Sing wolu nang widu? sing rolas nang tahun
Rolas dijikuk lima
ukarane manggon ing dina pitu pasaran lima
Jemuah, Sebtu, Minggu, Senen, Selasa, Rebu, Kemis
Legi, Pahing, Pon, Wage, Kliwon
Manggone ana jaghta wetan, kulon, kidul, elor

Pahamana
Nek kepingin weruh isine dina, itungen
Jemuah pira?
Sebtu pira?
Minggu pira?
Senen pira?
Selasa pira?
Rebu pira?
Kemis pira?

Iki mandhine ana menungsa
Jaghat pitu mandhine ana menungsa iki lha
Jemuah ana sirah, Senen ana puser, Selasa ana paha
Kemis lungguhe ana bumi, telapak kaki sing nglungguhi
Satria piningit ngatasi segala tuntunan alam semesta
Sing ana ngisor

Mbuh?
Dadi iki-dadi iki?
Gak weruh mbah!

Iki lho jaghat pitu wis total tatanan dunya hamentunga
Mbah mung ngucap thok, pitu dijikek telu, ijik papat
Sing telu manggone nang wulan telung puluh dina
Nang ngantenan lanang, wedhok, wali
Sing papat nang kiblat wetan, kidul, kulon, elor
Telu jikik siji ijik lara, lungguhe ning lanang, wedok
Rina wengi, padhang, peteng

Ijik siji, tokokna suru ayu, jambe ayu
Loh anyar, bantal anyar
Kekep anyar, ngaron anyar
Lebokna nang dong pirang denok

Engko bukake kamarku
Isi apa kok pitu?
Takir isine telu-telu
Tatanan pikir sing mbukak jaghat iki subakhir
Bumbu pawon, bumbu daringan, iku sampeyan pahami
Bumbu brahi, sampeyan pahami telu

Kok ana endhok?
Iku mletheke dadi menungsa
Lha iku bukaken, cublesen, titik
Putuku, aja lali gak, bancakana wetonmu, danyangmu
Darani danyang iku sing mengkani ndek pojoke desa
Sakmana nggo aksara hanacaraka

Nek kepingin sukses jalukmu apa?
Karepmu apa?

Ngunekna aksara Jawa diwalik, kuncina dina
Nek dina iku akeh, Sebtu Pahing ping wolulas
Hanacaraka ping wolulas, titike pitu
Ngunekna hanacaraka iku ping pitu
Paham pahamana cung, nduk, pak dhe, mbok dhe, dukun, kyai

Tok enthoken batung ndek teng alas, banyu uyah
Menungsa kabeh kepingin diuyahi
iwak sing paling enak iku uyah
Manggone ndek sebelah timur, utara, ngadar, tengera
Wis titik semana wae nduk, cung, pak dhe, mbok dhe
Kuminter sing gak pinter, wis cukup semana wae
Mrene maneh

Credits
from Lalana Siksapara, track released September 13, 2024
LicenseAll rights reserved.
Tags
Recommendations